Rabu, 11 Mei 2016

Rangkuman Basa Jawa Kelas 8 Semester 2

A.    Materi Basa Jawa Kelas 8 Semester loro
a.       Pawarta
b.      Sesorah
c.       Cerita Cekak
d.      Tembang macapat Sinom
e.       Maca Paragraf Aksara Jawa
f.       Nulis Paragraf nganggo Aksara Jawa
g.      Layang Ulem
h.      h. Tembung garba, tembung yogyaswara, tembung camboran, kerata basa, paribasan, saloka, tembung rangkep,  ruro basa, tembung entar
B.     Uraian Materi:
1.      Pawarta
Pawarta yaiku menehi kabar utawa informasi marang wong liya ngenani kedadeyan utawa prastawa. Wujud pawarta bisa lesan lan tulisan. Wujude lesan kuwi digiyarake lumantar radio lan TV. Wujud tulisan iku digiyarake ana ing ariwarti (koran) lan kalawarti (majalah). Kang nemtokake bobot bijining pawarta yaiku: aktualitas, faktual, cekak aos, narik kawigaten, unik, lan jangkep. Titikane pawarta antawisipun yaiku migunakake basa kang dimengerti, kudu ngemot 6 perangan yaiku 5 w + 1 H, ora mihak salah sijining pihak utawa golongan, katulis kanthi bener lan apa anane, anyar.
Ngrungokake pawarta basa jawa kang perlu digatekake: mangerteni kanthi cetha masalah kang disampekake, mbedakake informasi penting lan ora penting, nyatet informasi sing bener lan premathi, lan nyimpulake isine pawarta, simpulan: rumusan cekak saka loro utawa luwih pernyataan
Nyusun pawarta carane yaiku nggali sumber pawarta sing actual supaya oleh data kang dibutuhake antawisipun: asal sumber berita, jeneng lan alamat kang dituju, isi pokok berita: apa, sapa, ana ngendi, kapan, geneya, lan kepriye. Nyusun data kang ana dadi berita sing ngemot pengantar berita, pokok berita, harapan, penutup.
Contoh Teks Berita Keluarga dalam Bahasa Jawa (Radio Manggala FM Kec Kaliwiro Kab Wonosobo).
Pengantar(boten kawaos)
Nuwun para miarsa wonten ing pundi papan panjenengan midhangetaken atur giaran punika, kepareng  sumela atur awit  badhe kula waosaken setunggaling  pawarta lelayu.
Pawarta lelayu punika kakintun dening Bapak Partono ingkang lenggah dedalem ing dusun Larangan Kelurahan Kaliwiro Kecamatan Kaliwiro Kabupaten Wonosobo.
Dene pawarta punika kabyawarakaken dhumateng sanak kadang ingkang dedalem ing tlatah
1.        Kelurahan  Kaliwiro Kecamatan Kaliwiro Kab Wonosobo
2.        Kemutug Desa Tirip Kec Wadaslintang Kab Wonosobo
3.        Desa Gembongan Kecamatan Sigaluh Kab Banjarnegara
4.        Utawi ing pundi papan penjenengan saged midhangetaken atur giaran punika.
Isining pawarta
Sampun murud ing kasedan jati nama pun Nur Hikmah binti Partono rikala ari Slasa surya kaping 8 Maret 2011 ing Rumah sakit Margono Sukaryo Purwokerto karana gerah. Rinancang layon kalawau  badhe kapetak ing sasana laya  dusun Larangan Kelurahan Kaliwiro Kec Kaliwiro dinten Rebo surya kaping 9 Maret 2011 wanci tabuh 10.00(sedasa) wekdal Nuswantara imbang pacima.
Sambet kalayan pawarta punika  dhumateng para miarsa ingkang kaleres midhangetaken lan priksa dateng kadang ingkang tinuju, kasuwun kanthi ikhlasing penggalih mugi  penjenengan kersa dumugekaken pawarta punika dhateng ingkang kawogan. Nuwun
Panutup(boten kawaos)
Makaten lan semanten pawarta lelayu ingkang saged kula aturaken. Kula sak pri kanca dherek bela sungkawa awit sedanipun Ibu Nur Hikmah. Akanthi  donga mugi arwah ingkang sampun sowan wonten pengayunan dalem Gusti Allah kapapanaken ing papan ingkang murwat kaliyan lelabetan. Nuwun.

2.      Sesorah
Sesorah (pidato) yaiku medharake gagasan kanthi lisan ing sangarepe wong akeh. Sesorah uga diarani Medharsabda. Medhar tegese ngandharake, sabda tegese omongan. Sesorah  utawi  pidato  lumrah  digunakake  ing  kajat  utawa  acara  kang  sifate  resmi.  Acara  mau bisa  acara  kang  sifate  tradisional  apadene  acara-acara  resmi  kedinasan. Sesorah dhewe lumrahe kasusun saka :
1.      Pambuka. Isine ngucapake salam marang para rawuh/tamu, minangka tandha sapa aruh lan pakormatan. Kawiwitan tembung nuwun utawa salam liyane. Kang kalebu ing perangan pambuka yaiku :
·         Salam pambuka           : Assalamualaikum, Nuwun Kula nuwun
·         Atur Pakurmatan         : Ingkang kinurmatan,  para  sesepuh pinisepuh.  Ingkang kinurmatan ugi para tamu  undhangan  saha  para  sedherek  sedaya ingkang  kula  tresnani.
·         Muji syukur                 : Mangga  sesarengan  kula  dherekaken  muji  syukur  konjuk  wonten ngarsanipun  Gusti  ingkang  maha  welas  lan  asih  ingkang  sampun  paring  rahmat  saha hidayahipun saengga kula panjenengan sami saged makempal wonten ing pasamuan menika saperlu ngawontenaken adat mitoni putrinipun bapak Ashadi ing ndalu menika.
2.      Isi kang ngrembug undheraning sesorah. Ngaturake apa ancas/tujuane sesorah. Tuladha adicara pepisahan siswa kelas IX, pengetan dina Kartini, ceramah bab kabudayan, agama, politik lan sosial.
Para  rawuh  sedaya,  dene  wosing  gatos  ing  ndalu  menika  inggih  menika  pengetan pitungsasi  anggenipun  putri  bapak  Ashadi ngandheg  ingkang  sepisan,  pramila  bapak  Ashadi mengku  kajat  suka  syukur  wonten  ngasaning  Pengeran  dene  sampun  kersa  paring kanugrahan dhateng putrinipun menika.
3.      Panutup. Iku isine nyuwun donga pangestu marang para rawuh/tamu supaya apa kang dadi gegayuhane(cita-cita) bisa kaleksanan lan nyuwun pangapura marang para rawuh mbok menawa anggone sesorah/pidato ana kaluputan ing bab basa lan tindak tanduk. Sesorah ditutup kanthi Salam utawa nuwun/matur nuwun. Kang kalebu ing peranganing panutup yaiku :
·         Pangarep-arep             : Kanugrahan  menika  dipunsyukuri kanthi  pangajab  mugi-mugi  lestantuna  kaparingaken, sijabang  bayi  tetep  kaparingan  daya  kakiyatan,  bagas  waras,  sinandhing  watek  budi  utama, sabar  tawakal,  parak  ing  gusti,  satemah  andayani  pun  jabang bayi pinaringan  purna  dumugi ing lairipun, tebih ing bebaya, rahayu widodo ingkang pinanggih.
·         Njaluk pangapura        : Wasana mbok bilih anggen kula matur kathah kekirangan saha klenta-klentunipun, kula nyuwun agungin samodra pangaksami.
·         Salam panutup            : Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakatuh. Nuwun

3.      Cerita Cekak (maca lan analisis unsure intrinsik)
Cerita cekak kuwi mujudake salah sijine karya sastra kang arupa gancaran. Cerkak yaiku cerita kang wujude cekak nyeritakake sawijine paraga (tokoh) ing saperangan uripe. Titikane cerkak antarane ceritane cekak, prekara kang diceritakake mung siji, cacahe paraga mung sithik, paraga kang dicritakake ora nganti owah nasibe, menawa ditulis antarane mung 3 – 10 kaca  Unsur-unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun cerkak saka sanjerone cerkak, ing antarane:
1.      Tema yaiku sing dadi underane prakara crita. Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, karesikan, lsp.
2.      Paraga yaiku tokoh kang mbangun cerita. Paraga kaperang dadi loro, yaiku paraga pokok (tokoh utama) lan paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu). Manut watake ana loro yaiku paraga protagonis lan antagonis.
3.      Watak yaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp) lan tandha-tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter, lsp).
4.      Setting yaiku papan, wektu, lan suasana ing kadadeane cerita. (Papan: pasar, sawah, dalan, kantor. Wektu: esuk, awan, sore, bengi. Suasana: sepi, menegangkan, rame, lsp).
5.      Sudut pandang / point of view yaiku ing ngendi pengarang mapanake dheweke ing cerita. Sudut pandang orang pertama nganggo aku, lan sudut pandang orang ketiga nganggo jeneng wong utawa dheweke.
6.      Amanat yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang marang wong kang maca cerkak.
7.      Alur/plot yaiku bakune cerita wiwit saka wiwitan nganti pungkasan (perkenalan, pemunculan konflik, peningkatan konflik, puncak konflik, lan penyelesaian)

4.      Tembang Macapat Sinom
Tembang macapat sinom kaiket dening guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu. Guru gatra iku cacahe larik saben sapada (sabait). Guru wilangan iku cacahe wanda (suku kata) saben sagatra. Guru lagu yaiku tibane swara saben pungkasane gatra. Watake tembang sinom yaiku trengginas, prasojo, sabar,, kalem, grapyak, sumanak. Lumrahe kanggo crita kang ngemu pitutur lan piwulang. Saged uga medharake rasa susah.
Conto tembang sinom:
Ayo padha digatekna
Pawarta babagan wargi
Transmigrasi katindakna
Sumebar amrih waradin
Boten ngempal ing jawi
Dhateng kali mantanipun
Sulawesi Papua
Pembangunan bakal kasil
Boten beda pulo sanes tuwin Jawa
Paugerane tembang Sinom ing dhuwur yaiku Guru gatra ana 9, dhong dinge (guru lagu lan wilangan) ana 8 a, 8 I, 8 a, 8 I, 7 I, 8 u, 7 a, 8 I, 12 a.
5.      Maca paragraph kang ditulis nganggo aksara jawa
Nulis paragaf nganggo aksara jawa kudu nggatosake tanda wacan (pada adeg-adeg, lingsa, lan lungsi). Ugi nggatosake kaedah pemakaian sandangan swara, sandangan wiyanjana, sandangan panyigeg wanda, pasangan, sandangan panjingan, aksara swara, aksara rekan, lan angka jawa.
v  Aksara Rekan
  Wujude kh: k     : k+b/
  Wujude F  : p+      :p+ki/
  Wujude dz: f+      : f+lim\
  Wujude gh            :  g+     :g+aib\
  Wujude Z  :  j+    :j+kriy
q  Aksara rekan: dibubuhi tanda cecak 3 ana dhuwure aksara.
q  Gunane : Aksara rekan kanggo nulis huruf asing.
v  Pasangan aksara rekan:
q  k+ :     K+
q  f+   : F+
q  p+    : P+
q  j+    :     J  +
q  g+    :      G+
v  Angka jawa
Angka jawa           : 1,2,3,4,5,6,7,8,9,10 , Penulisane diapit pada utawa pangkat : ;;  Conto: Dawane 36 sentimeter:
? fw[n;36; [snTi[mt/.

v  Aksara Swara
  A: A : angka 4 dan pasangan sa.
  I: I : Huruf ba dicerek di bawahnya.
  U: U : Hurufnga dibubuhi pasangan da.
  E: E : Pasangan da
  O: O : Aksara huruf wa dibubuhi pasangan da.
ü  Gunane:
o   Nulis kata-katatertentu dari bahasa Asing.
o   ssiAgusTus\       Ed}is\        O[tomtis\
o   Kata asli bahasa jawa tidak perlu pakai aksara swara.
o   Aksara swara tidak bisa jadi pasangan. Di depannya diberi pangkon.   wuln\O[kTobe/
o   Dapat dibubuhi sandhangan cecak, layar, wignyan.
v  Panulisane tembung andhahan
ž  Panambang –a, ditulis manut pocapane
      turua: turuwa: turuw
      balia: baliya: bliy
ž  Panambang –ake, nganggo pasangan ha
      nulisake: nulisH[k
      macakake : mckH[k
ž  Panambang apa wae, linggane sigeg, panulisane didobel.
      sawahe: sawah e: swh[a
      ditibani:ditiban i : fitibnNi
6.      Layang Ulem
Layang ulem yaiku layang kang isine ngabari marang wong liya (kang dituju) lan ngaturi rawuh ing acara olehe duwe gawe utawa kagungan kersa. Layang iki dadi sesulihe wong kang duwe gawe, amarga ora bisa mara utawa sowan dhewe, nanging mung cukup wong liya saperlu ngaturake ulem. Layang ulem iku bisa dibedakake antarane layang resmi lan ora resmi. Nanging sejatine susunan/peranganing pokok mirip utawa padha Bedane biasane ana ing kop surat utawa kepala surat, nganggo nomer surat, tembusan, nganggo cap instansi utawa lembaga.
Undhangan utawa ulem kang asipat pribadi iku wujude werna-werna ana ulem sunatan, ulem mantenan, syukuran lan ulem ulang taun (ambal warsa). Ulem ulang taun antarane sing enom (bocah cilik) karo wong sing wis sepuh beda basane kudi digatekake bab unggah-ungguh basane.
Layang ulem iku layang kang surasane ngaturi kabar marang wong liya (kang dituju) dadi sesulih supaya kersa rawuh ing hajate sing ngulemi:
Perangane layang ulem umume:
1. Papan lan Titimangsan (papan lan tanggal)
2.Satata Basa (Kang dituju)
3 Adangiyah (Salam Pembuka )
4. Purwaka basa
5. Surasa Basa / isi
6. Wasana Basa / panutup
7. Peprenahan (prenahe sapa)
8. Tapak asma (tanda tangan)
9. Jenenge sing ngulemi (Nama terang)
10. Ndherek pengajeng-ajeng (turut mengundang)
Conto layang ulem nikahan:
Polanharjo, 20 Desember 2010 (1)
Taklim katur Bp.Ibu…..                                                              
 Ing …. (2)

Kairing sagunging pakurmatan, (3)
     Ngaturi wuninga bilih Gusti Allah angganjar wilujeng ing sadayanipun, kula badhe ngemah-emahaken anak kula estri ingkang angka kalih, ingkang akekasih: (4)
Rara Pramesthi Wandhansari, S.Pd kaliyan Bagus Budiono, S.Pd putranipun Kangmas Ir. Hadiprabowo ing Malang.
Ingkang punika bilih sepen ing alangan saha dhangan ing penggalih panjenengan sekaliyan kula suwun rawuh ing griya kula dhusun Karanglo, Polanharjo, benjing:
               dinten   : Minggu Pon
               tanggal : 8 Januari 2011
               jam      : 11.00
Saperlu panjenengan sekaliyan kula suwuni berkah pangestu dhumateng anak kula temanten kekalih. (5)
     Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kula menggah rawuh panjenengan sekaliyan minangka tambahing puji basuki saha regenging pasamuan. (6)
     Ndherek ngajeng-ajeng (10)                                 Saking kula saha semah, (7)

         Ir. Hadiparabowo                                                  Brotoatmojo (9)

Conto Layang Ulem Resmi
Organisasi Siswa Intra Sekolah
SMP Muhammadiyah PK Ska
Jl. Dr Moewardi No. 24 Ska
Nomer       : 001/OSIS/SMP/ 2014                                                                             
Bab          : Lomba

Katur Dhumateng
Sedaya Panitia
Ing Palenggahan

 Assalamualaikum Wabarakatuh
Mbok bilih mboten wonten alangan, kula suwun sedaya panitia lomba geguritan rawuh saperlu ngrembag persiapan kagiyatan lomba menika benjing:
                Dinten  : Kamis
                Surya     : 17 Desember 2012
                Wanci jam           : 11.00 WIB
                Panggenan         : Ruang OSIS
Makaten undhangan kula, sanget anggen kula ngantu-antu rawuh panjenengan.
Wassalamualaikum Warahmatuullahi Wabarakatuh
                                                                                                Sukoharjo, 17 Desember 2012
                                                                                                Ketua Panitia
                                                                                                                Ttd

                                                                                                Ibnu

7.      Tembung Garba
Tembung Garba yaiku Tembung lara utawa luwih kang diringkes dadi siji kanthi nyuda wandane, lumrahe ing tembang kanggo ngoyak guru wilangan.
Contoh:
Narendra            : Nara + endra
Lagyantuk         : Lagi+ antuk
Lagyning           : lagi+ning
Dupyarsa           : dupi+arsa
Kapyarsa: kapireng+ arsa
Lumebeng          : lumebu+ing
Malebeng           : malebu+ing
Prapteng            : prapta+ing
Priyagung          : priya+agung
Sinom    : isih enom
Sumbangsih       : sumbang+asih
Tumekeng          : tumeka+ing
Yeku                  : ya+iku
Kalokengrat       : kaloka+ing+rat
Aglis                  : age+gelis
Aneng    : ana+ ing
Jalwestri : jalu+estri
Kalokeng           : kaloka+ing

8.      Tembung Yogyaswara
Tembung Yogyaswara yaiku tembng loro sing meh padha pangucape, mung beda wanda pungkasan, duwe teges lanang wadon. Tembung sing ngarep tiba swara a lan sing buri tiba swara i. Yogya tegese becik. Swara tegese uni. Nanging, ora kabeh tembung dhapukan diarani tembung yogyaswara sebab ana sing jenenge wong artine durung mesthi lanang lan wadon conto Sukarna-sukarni.
Conto  :
Dewa-dewi,
apsara-apsari,
kedhana-kedhini,
putra-putri
widadara-widadari
pemudha-pemudhi
bathara-bathari
gandarwa-gandarwi
yaksa-yaksi
mahasiswa-mahasiswi
siswa-siswa

9.      Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku tembung loro sing digandeng dadi siji.
Tembung camborang diperang dadi loro yaiku tembung camboran tugel lan tembung camboran wutuh.
A. Tembung camboran wutuh: tembung loro sing digawe dadi siji nduwe teges anyar.
Conto: meja tulis, lemari kaca, buku gambar, pager kayu, kamar dhahar, omah pawon, kursi tamu, gula pasir, lsp
            Anjani putra    : putra anoman
            Bala pecah       : barang sing gampang pecah
B. Tembung camboran tugel: Tembung loro sing digandeng dadi  siji kang tegese cedhak karo tembunge.
Conto:
o   Bangjo       : abang ijo
o   Bulik         : ibu cilik
o   Dhelik       : gedhe cilik
o   Dubang     : idu abang
o   Lung lit     : balung kulit
o   Tingwe      : nglinting dhewe
o   Thukmis    : bathuk klimis
10.  Paribasan
Paribasan yaiku tetembungan kang ajeg panganggone kang ora ngemu pepindan utawa umpama.
Tuladha:
Desa mawa cara Negara mawa tata tegese saben panggonan duwe cara utawa aturan dhewe-dhewe.
Emban cindhe emban siladan tegese ora adil utawa pilih kasih.
Tinggal glanggang colong payu tegese ninggalake paprangan.
11.  Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang gumathok kang ngemu surasa pepindhan. Dene sing dipindhanake wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning mau dumunung ana ing ngarep ukara utawa wiwitane ukara. Pepindhan tegese pepatah/umpama/memper/irib-iriban.
Contoh:
Kebo nusu gudel         : Wong tuwa njaluk muruk marang wong enom.
Kutuk marani sunduk Ula marani gebug: Wong sing njarag marang beboyo.
Anak polah bapa kepradah: Kalalkuane anak kuwi apa wae sing nanggung wong tuwane.
Ana catur mungkur     : Wong sing ora seneng ngrungokake rerasan sing ora becik.
Gajah ngidak rapah     : Wong sing nerak wewalere dhewe.
Gagak nganggo laring merak: wong cilik tumindhak kara wong gedhe.
Bathok bolu isi madu  : wong asor nanging sugih kepinteran.
Cecak nguntal cagak   : Gegayuhan sing mokal bisa klakon.
Kadang konang           : Wong sing gelem ngaku sedulur mung karo sing sugih.
12.  Unggah ungguh basa jawa
1. Ngoko Alus
Wujude :  Tembung ngoko kacampuran krama, sing dikramakake purusa (sesulih wong; aku, kowe, dheweke) lan tembung kriyane.  Gunane :  Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate, wong kang kalungguhane sadrajat nanging isih ngajeni
Tuladha :  Apa panjenengan sida tindak Semarang sesuk, Pak?
2.   Krama Alus
Wujude :  Tembung  krama  kacampuran  tembung  alus,  kabeh  tembunge  dikramakake  kalebu  ater-ater lan panambange  Gunane :  Wong  nom  marang  wong  tuwa,  andhahan  marang  pimpinan,  murid  marang  gurune  lan wong kang nembe kenal
Tuladha :  Ngenjang menika bapak tindak dhateng Solo.
13.  Tembung rangkep
Tembung rangkep yaiku tembung sing dirangkep utawa dibaleni kabeh wandane utawa amung saperangan wandane.
Jinising tembung rangkep ana 4:
1.      Dwilingga
Tembung dwi lingga yaiku tembung sing dirangkep lingga utawa kabeh wandane. Conto: Gedhe-gedhe, Cilik-cilik
2.      Dwilingga salin swara
Tembung lingga kang karangkep kanthi owah swarane sinebut dwilingga salin swara  Conto mloka-mlaku, mongan-mangan, wotak-watuk
3.      Dwipurwa
Tembung rangkep sing dirangkep wanda ngarepe. Conto: Bungah         : bubungah -------- bebungah, Lara      : lalara -------------- lelara
4.      Dwi wasana
Tembung rangkep sing dirangkep wanda burine. Conto: Cekak  : cekakak, Cenges       : cengenges
14.  Kerata Basa
Kerata basa yaiku negesi tembung kanthi diothak-athik supaya mathuk.
·         Anak ditegesi apa-apa kudu anal an enak.
·         Bapak ditegesi bab apa wae wis pepak.
·         Bocah ditegesi mangane kaya kebo, pagaweane ora kecacah.
·         Guru ditegsi digugu lan ditiru
·         Piring ditegesi rapine yen miring.
15.  Ruro Boso
Ruro basa yaiku basa sing salah kaprah, basa rusak nanging wis kelantur-lantur  digunakake utawa lumrah digunakake lan kaprag dibenerake. Upamane, nggodog wedang,yen digagas satemene sing bener nggodog banyu.
1.      Adang esuk                       : adang sego wayah esuk
2.      Adang sego                       : adang beras supaya dadi sego
3.      Bakul jangan                     : wong dodol kaperluwane masak
4.      Mangan awan                    : mangan sego wayah awan
5.      Nggodhog wedang           : sabenere nggodog banyu kanggo gawe wedang
16.  Jinising Ukara
Manut isine ukara kaperang dadi 3yaiku :
1.  Ukara andharan, carita, pawarta (kalimat berita) : Saben dina Senen, sekolahanku nganakake upacara.
2.  Ukara pitakon (kalimat tanya)  : Sapa asmane Bapakmu, Ndhuk?
3.  Ukara pakon (kalimat perintah)  : Njupuka buku menyang perpustakaan!
17.  Macapat
Tembang sinom duweni watak prasaja, sabar kale, lan grapyak. Lumrahe kanggo medharake crita kang ngemu puwilang/ pitutur. Paugerane tembang sinom yaiku guru gatra : 7, guru lagu lan guru wilangan (dongding): 8 a, 8 I, 8 a, 8 I, 7 I, 8 u, 7 a, 8 I, 12 a.



5 komentar: