Kamis, 12 Mei 2016

Rangkuman Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2



v  Materi Bahasa Jawa Kelas 7 Semester 2
1.    Pacelathon trep unggah-ungguh basa (Basa Ngaka lan karma)
2.    Pawarta
3.    Tembang macapat megatruh
4.    Maca lan Nulis Paragraf Aksara Jawa
5.    Jinising ukara: pakon, crita, lan pawartos
6.    Unsur intrinsik crita rakyat
7.    Tembung lingga lan andhahan
8.    Tembung rangkep : dwi lingga, dwi lingga salin swara, dwi purwa, dwi wasana
9.    Tembung rura basa, tembung entar, tembung yogyaswara, tembung camboran, tembung saroja, tembung garba
10. Paribasan lan saloka
v  Uraian Materi:
1.   Pacelathon trep karo unggah-ungguh basa
Unggah-ungguhing basa kaperang dadi 4 yaiku ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu, krama alus.
a.   Ngoko lugu
Tuturan basa paling asor. Gunane kanggo tuturan wong tuwa marang bocah, kang sadrajad, wis raket (akrab) sesrawungane, wong pangkat marang pegawene.
Conto:
         Aku arep njilih bukumu sewengi wae.
         Kowe dolan menyang omahku yo
b.   Ngoko alus
Basa ngoko sing luwih ngajeni marang kang diajak ngomong. Ana kecampuran krama inggil yaiku kowe dadi panjenengan lan tindak tanduke kang ditindakake.
Gunane kanggo guneman antarane wong diwasa sing wis akrab ananging isih padha ngajeni, wong tuwa marang wong nom sing diajeni, lan kanggo ngomongake wong sing diajeni.
Conto:
         Panjenengan wis dhahar durung?
         Mas, aku ora bisa nyaosi marang panjenengan.
c.    Krama Lugu
Basa krama lugu yaiku basa sing wonten tembung-tembung basa krama kabeh. Kanggo bahasakke awake dhewe. Kanggo guneman marang wong kang drajade luwih cendhek, durung kulina, lan nryitakake awake dhewe, lan kanggo dodolan bakul ana pasar.
Conto:
         Kula dereng tilem.
         Kula badhe mantuk.
d.   Krama Alus/ inggil
Krama inggil yaiku perangane basa sing luwih ngajeni marang wong sing diajak guneman.
Kanggone guneman wong enom marang wong tuwa, putra marang bapak ibune, murid marang guru, lan abdi marang bendarane.
Conto:
a.    Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.
b.    Pak Bagyo nembe mucal kelas sekawan.
2.   Pawarta
Pawarta yaiku laporan ingkang menehi kabar utawa informasi marang wong liya ngenani kedadeyan utawa prastawa.
Kabar ngenani kedadeyan iku saged dipungiyarake lumantar media elektronik kayata TV, radio, lan internet. Saged ugi dipungiyarake lumantar media ariwarti (koran harian) lan kalawarti (Majalah).
Supaya gampang dimangerteni mula kabar ana pawarta dicritakake nanggo pathokan 5 W + 1 H (what  = apa, who =  sapa, where  = ing  ngendi, when  = kapan, why = kenapa lan how = kepriye). Ingkang Nemtokake bobote pawarta yaiku
·         Faktuwal                nyata
·         Aktuwal                pas wektune
·         Wigati                  penting
·         Narik kawigaten    njalari wong maca

Tuladha pawarta saka ariwarti

KASAT NARKOBA TIWAS
OVER DOSIS

Kepala  Satuan  Narkoba  Polres  Sumbawa,  Ipda  Yudi  Fanani,  Kamis,  22  Desember  2005 ditemokake  tiwas  ing  salah  sijine  kamar  hotel  ing  kutha  Mataram  kanthi  kahanan  over  dosis sabu-sabu (SS). Polisi sing tugase mandhegani mbrasta narkoba  iki dinuga tiwas sawise  pesta narkoba jalaran ing tempat kejadian perkara (TKP) ditemokake alat pengisap (bong) sabu-sabu. 
Saka  temonan  data ing  lapangan, nalika  pesta narkoba, Yudi  Fanani  dikancani  polisi  papat lan  warga  sipil  telu.  Nanging  polisi  isih  nyingidake  jati  dhirine  warga  sipil  mau.  Polisi  durung gelem walaka katelune priya apa wanita. 
Nalika  ditemokake,  jisime  Yudi  jroning  kahanan  mengkurep  ing  kulah  jedhing.  Soko  irunge mili  getih,  dene  cangkeme  muruh.  Kedadean  mau  gawe  kucem  institusi  polisi,  Kapolda  Nusa Tenggara  Barat,  Brigjen  Wawan  Hendrawan  Lumantar  Kabid  Humas  M.  Basri  mratelakake, pihake  isih  terus  nglarah  perkara  mau,  Kapolda  rumangsa cuwa  marang  pakartine  Yudi. Minangka  Kasat  Narkoba  kudune  Yudi  mandhegani  mbrasta  narkoba,  nanging  malah  tiwas akibat ngonsumsi narkoba.

Unsur pokok-pokok kedadean aktual
Apa kedadeane (what)                 : Tewase Kepala Satuan Narkoba  Polres Sumbawa
Kapan kedadeane (when)             : Kemis, 22 Desember 2005
Ing ngendi kedadeane (where)     : Kamar hotel ing kutha Mataram
Sapa pelaku/korban (who)           : Ipda Yudi Fanani
Geneya (why)                             : Over dosis anggone ngisep narkoba

3.   Tembang Macapat Megatruh
      Tembang Macapat ana sewelas antaranipun Maskumambang, mijil, sinom, kinanthi, asmarandana, dandanggula, gambuh, pangkur, durma, megatruh, pocung.
      Tembang kaiket paugeran: guru lagu lan guru wilangan (dhong-dhing), lan watak dhewe-dhewe. Guru gatra: Cacahing larik saben sapada. Guru lagu: Tibaning swara ana pungkasaning gatra. Guru wilangan: Cacahing wanda ana sagatra.
a.       Maskumambang watake susah, nelangsa, prihatin.
Guru gatra 4. Guru lagu lan wilangan: 12 i, 6 a, 8 I, 8 a
b.      Pocung watake sembrana parikane.
Guru gatra 4. Guru lagu lan wilangan: 12 u, 6 a, 8 i, 12 a
c.       Gambuh watake grapyak sumanak.
Guru gatra 5. Guru lagu lan wilangan: 7 u, 10 u, 12 I, 8 u, 8 o
d.      Megatruh watake susah, getun.
Guru gatra 5. Guru lagu lan wilangan: 12 u, 8 I, 8 u, 8 I, 8 o
e.       Mijil watake gandrung utawa prihatin..
guru gatra 6. Guru lagu lan wilangan: 10 I, 6 o, 10 e, 10 I, 6 I, 6 u.
f.       Kinanthi watake ngemu surasa pangarep-arep.
Guru gatra 6. Guru lagu lan wilangan: 8 u, 8 I, 8 a, 8 I, 8 a, 8 I,
g.      Asmarandana watake sengsem, tresna asih amarga lagi ketaman asmara.
Guru gatra 7. Guru lagu lan wilangan: 8 I, 8 a, 8 e, 8 a, 7 a, 8 u, 8 a.
h.      Durma watake galak, sereng, muntab..
Guru gatra 7. Guru lagu lan wilangan:  12 a, 7 I, 6 a, 7 a, 8 I, 5 a, 7 I
i.        Pangkur watake sereng, antepan ati, lan gagah.
Guru gatra 7. Guru lagu lan wilangan: 8 a, 11 I, 8 u, 7 a, 12 u, 8a, 8 i .
j.        Sinom watake prasaja, sabar, kalem .
Guru gatra 9. Guru lagu lan wilangan: 8 a, 8 I, 8 a, 8 I, 7 I, 8 u, 7 a, 8 I, 12a.
k.      Dhandanggula watake luwesan, kewes, sarwa mathuk .
Guru gatra 10. Guru lagu lan wilangan: 10 I, 10 a, 8 e, 7 u, 9i, 7 a, 6 u, 8 a, 12 I, 7 a


4.   Tembung rangkep
Tembung rangkep yaiku tembung sing dirangkep utawa dibaleni kabeh wandane utawa amung saperangan wandane.
Jinising tembung rangkep ana 4:
a.    Dwilingga
Tembung dwi lingga yaiku tembung sing dirangkep lingga utawa kabeh wandane. Conto: Gedhe-gedhe, Cilik-cilik
b.   Dwilingga salin swara
Tembung lingga kang karangkep kanthi owah swarane sinebut dwilingga salin swara  Conto mloka-mlaku, mongan-mangan, wotak-watuk
c.    Dwipurwa
Tembung rangkep sing dirangkep wanda ngarepe.
Conto: Bungah= bubungah --- bebungah, Lara= lalara --- lelara
d.   Dwi wasana
Tembung rangkep sing dirangkep wanda burine.
Conto: Cekak          = cekakak, Cenges  = cengenges
5.    Maca lan Nulis Aksara Jawa

v  Angka Jawa
1,2,3,4,5,6,7,8,9,0    
Yen angka jawa ditulis ana ukara kudu diapit nganggo tanda pangkat (;;).
Tanggal 21 januari 2013: ?t=gl\;21;jnuari;2013;.
v  Aksara Rekan
  Wujude kh: k+    : k+b/
  Wujude F  : p+      :p+ki/
  Wujude dz: f+      : f+lim\
  Wujude gh :  g+     :g+aib\
  Wujude Z  :  j+    :j+kriy

q  Aksara rekan: dibubuhi tanda cecak 3 ana dhuwure aksara.
q  Gunane : Aksara rekan kanggo nulis huruf asing.

v  Pasangan aksara rekan:

q  k+ :     K+
q  f+   : F+
q  p+    : P+
q  j+    :     J  +
q  g+    :      G+

v  Aksara Swara

  A: A : angka 4 dan pasangan sa.
  I: I : Huruf ba dicerek di bawahnya.
  U: U : Hurufnga dibubuhi pasangan da.
  E: E : Pasangan da
  O: O : Aksara huruf wa dibubuhi pasangan da.
ü  Gunane:
o   Nulis kata-kata tertentu dari bahasa Asing.
o   ssiAgusTus\       Ed}is\        O[tomtis\
o   Kata asli bahasa jawa tidak perlu pakai aksara swara.
o   Aksara swara tidak bisa jadi pasangan. Di depannya diberi pangkon.   wuln\O[kTobe/
o   Dapat dibubuhi sandhangan cecak, layar, wignyan.

6.   Tembung Lingga lan Andhahan
a.   Tembung lingga yaiku tembung sing durung kawuwuhan sahingga durung owah saka asale. (kata dasar)
Tuladha : Meja, kursi, kebo, jaran, angin, cendhela, dalan, jupuk, tuku.
b.   Tembung andhahan yaiku  tembung kang wis owah saka asala amarga wis antuk wuwuhan ater-ater, seselan, lan panambang.
Tuladha:
Tandur ---- nandur (n+tandur)
Kalah----- ngalah (ng+kalah)
Pacul ----- macul (m+pacul)
7.   Jinising Ukara: Pakon, Crita, lan Pawartos
Manut isine ukara kaperang dadi 10 yaiku :
a. Ukara andharan, carita, pawarta (kalimat berita) : Saben dina Senen, sekolahanku nganakake upacara.
b.    Ukara pitakon (kalimat tanya)  : Sapa asmane Bapakmu, Ndhuk?
c.     Ukara pakon (kalimat perintah)  : Njupuka buku menyang perpustakaan!
d.    Ukara prajanji (kalimat perjanjian)  : Yen bijimu apik, mengko dakpundhutake tas anyar.
e.    Ukara pangajak (kalimat ajakan)  : Ayo, kelase enggal disapu!
f.     Ukara panjaluk (kalimat permintaan) : Tulung, aku jupukna garisan kuwi!
g.    Ukara pangarep-arep (kalimat pengharapan) : Muga-muga aku bisa lulus ujian mengko.
h.    Ukara upama (kalimat perumpamaan) : Umpama bapak lan ibu isih sugeng, mesthi seneng uripku.
8.   Unsur intrinsik crita rakyat
·      Legenda                        : Carita rakyat sing isine dumadine sawijining panggonan.
·         Legenda Semarang        : Legenda rawa pening, legenda Lawang Sewu,
·         Legenda Salatiga           : Cerita Asal mula Salatiga,.
·         Legenda Boyolali           : Cerita  Legenda Pengging, Legenda Boyolali.
*      Sing kalebu unsur instrinsik carita legenda:
1.    Tema     : Underaning carita utawa bakuning carita. Gagasan pokok.
2.    Paraga   : Pawongan kang nindakake carita.
a.    paraga utama          : paraga sing nduweni sesambungan karo kadadean crita sing paling akeh.
b.    Paraga tambahan    : paraga sing kanggo geganep crita.
c.    paraga protagonis   : paraga sing nduwe pakarti utawa watak becik/ utama.
d.    Paraga antagonis     : Paraga sing pakartine/watak ala.
3.    Alur        : Urut-urutaning kadadean ana ing crita wiwit lekas nganti pungkasan.
Ana alur maju/lurus/ progresif lan ana alur mundur/sorot balik/ flashback/regresif.
4.    Latar      : Keterangan wektu, panggonan, lan swasana ana sajroning crita.
a. Latar panggonan. Umpamane, desa, kutha, sekolahan, kamar, lsp.
b. Latar wektu. Umpamane; esuk, awan, sore, dina Minggu, tanggal utawa wulan/taun tartamtu.
5.    Amanat  : Weling saka pangripta menyang pamaose.
9.   Tembung rura basa, tembung entar, tembung yogyaswara, tembung camboran, tembung saroja, tembung garba
a.    Ruro basa yaiku basa sing salah kaprah (basa rusak) nanging wis lumrah digunakake.
Tuladha: nggodog wedhang, mangan awan, mikul dhawet, adang sego, nguleg sambel.
b.    Tembung entar yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune.
Tuladha : Abang kupinge (nesu), Abang-abang lambe (ora temenan), Abang raine (nandhang wiring).
c.    Tembung saroja yaiku tembung loro kang padha utawa meh padha tegese lan dienggo bebarengan.
Conto: Mripate abang mbranang (abang banget), Muga-muga enggal bagas waras (adoh saka lelara).
d.    Tembung Garba yaiku tembung lara utawa luwih kang diringkes dadi siji kanthi nyuda wandane, lumrahe ing tembang kanggo ngoyak guru wilangan.
Contoh:

Narendra      : Nara + endra
Lagyantuk     : Lagi+ antuk
Kapyarsa       : kapireng+ arsa
Lumebeng     : lumebu+ing
Malebeng      : malebu+ing
Prapteng      : prapta+ing
Sinom           : isih enom
Tumekeng     : tumeka+ing
Yeku             : ya+iku
Kalokengrat  : kaloka+ing+rat
Rumuse ngringkes tembung garba:
1.   a + a = a     (kusuma+astuti= kusumastuti)
2.   a + i = e      (teka +ing = tekeng)
3.   a + e = o     (wira+utama = wirotama)
4.   i+ vokal y    (sami + oncat = samyoncat)
5.   u + vokal = e (tumuju+ing=tumujuweng)
e.   Tembung Yogyaswara
Tembung Yogyaswara yaiku tembung loro sing meh padha pangucape, mung beda wanda pungkasan, duwe teges lanang wadon. Tembung sing ngarep tiba swara a lan sing buri tiba swara i. Yogya tegese becik. Swara tegese uni.
          Conto        :
Dewa-dewi,
apsara-apsari,
kedhana-kedhini,
putra-putri
widadara-widadari
mahasiswa-mahasiswi
siswa-siswa
f.     Tembung Camboran
Tembung camboran yaiku tembung loro sing digandeng dadi siji.
Tembung camborang diperang dadi loro yaiku
a)     Tembung camboran wutuh: tembung loro sing digawe dadi siji nduwe teges anyar.
       Conto: meja tulis, lemari kaca, buku gambar, pager kayu, kamar dhahar, lsp.
       Anjani putra  : putra anoman
       Bala pecah    : barang sing gampang pecah
b)    Tembung camboran tugel: Tembung loro sing digandeng dadi siji kang tegese cedhak karo tembunge.
Conto:
o   Bangjo       : abang ijo
o   Bulik          : ibu cilik
o   Dhelik        : gedhe cilik
o   Lung lit      : balung kulit
o   Tingwe      : nglinting dhewe
o   Thukmis     : bathuk klimis

10.   Paribasan lan saloka
a.   Paribasan
Paribasan yaiku tetembungan kang ajeg panganggone kang ora ngemu pepindan utawa umpama.
          Tuladha:
         Desa mawa cara Negara mawa tata = saben panggonan duwe cara utawa aturan dhewe-dhewe.
         Emban cindhe emban siladan = ora adil utawa pilih kasih.
         Tinggal glanggang colong payu = ninggalake paprangan.
b.   Saloka
Saloka yaiku unen-unen kang gumathok kang ngemu surasa pepindhan. Dene sing dipindhanake wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning mau dumunung ana ing ngarep ukara utawa wiwitane ukara. Pepindhan tegese pepatah/umpama/memper/irib-iriban.
Tuladha :
         Kebo nusu gudel                    : Wong tuwa njaluk muruk marang wong enom.
         Kutuk marani sunduk Ula marani gebug: Wong sing njarag marang beboyo.
         Anak polah bapa kepradah     : Kalalkuane anak kuwi apa wae sing nanggung wong tuwane.
         Ana catur mungkur                : Wong sing ora seneng ngrungokake rerasan sing ora becik.
         Gajah ngidak rapah               : Wong sing nerak wewalere dhewe.




15 komentar: