Jumat, 27 Mei 2016

Latihan Soal Suskes UAS 2 Bahasa Jawa Kelas 7



*      Latihan Soal UAS 2 Bahasa Jawa  Kelas 7 Tahun 2016
1.      Budi    : Tris ... mrenea dak kandhani?
Sutris   : Ana apa Bud, Koksajake ana kang wigati banget.
Budi    : Aku mentas wae ditimbali Bu Guru, diparingi katerangan werna-werna, aku uga diutus Bu Guru manawa kowe, Aris lan Bayu didhawuhi ngadep ana ngarsana sak iki!
Sutris   : Kira-kira arep didukani apa arep didhawuhi apa ya?
Budi    : Aku dhewe durung ngerti Tris .., wis kana enggal ngadep, aku tak nggoleki Aris karo Bayu.
Sutris   : Ya, ya, matur nuwur, aku dak ngadep sak iki.
a.       Manut wacan, ing dhuwur awujud ....
b.      Sapa sing mentas wae ditimbali Bu Guru?
c.       Tembung dakkandhani kuwi angsal ater-ater ....
d.      Budi karo Sutri pada omongan nggunakake basa apa?
2.      Jelasna bedane ngoko alus lan ngoko lugu!
3.      Aku diceluk Pak Guru, dikon melu latihan dadi petugas upacara.
Dadekna basa ngoko alus!
4.      Apa sing diarani tembung saroja! Coba sebutna rung conto wae!
5.      Para pamirsa willujeng pepanggihan kaliyan kula Raras, ing adicara ginem jawi. Ing sonten menika ginem jawi badhe ngrembang babagan unggah-ungguh basa jawi.
a.       Nitik tembung sing digunakake, pawarta kasebut disiyarake lumantar ....
b.      Kang dadi pambiwara adicara ing dhuwur yaiku ....
6.      Jelasna kalebu tembung dwi lingga apa tembung iki!
a.       Meja-meja
b.      tetuku
c.       cekakak
d.      mongan-mangan
7.      Jelasna sing diarani tembung yogyaswara! Sebutna conto wae 2!
8.      Yen kepingin tambah kawruh tambah ilmu
Kudu gelem sing taberi
Saben dina sinau
Lan gelem dha prihatin
Satemah ilmune bontos
a.       Jelasna paugerane tembang megatruh ing duwur!
b.      Jelasna watake!
c.       Jelasna tegese taberi!
9.      Jelasna pangertosanipun tembung rura basa! Sebutna 2 conto wae!
10.  Tulisen aksara jawa!
a.       Pasar legi
b.      Aja seneng gawe reregetan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar