Jumat, 27 Mei 2016

Latihan Soal Sukses UAS 2 Bahasa Jawa Kelas 8



*      Latihan Soal UAS 2 2016 Bahasa Jawa Kelas 8 Tahun 2016
1.      Pawarta
Chikungunya ing Trenggalek dumadi ing Kecamatan Dongko, Suruh, Kampak, lan Watulimo. Sing akeh kena penyakit yaiku ing Kecamatan Dongko nganti 522 kasus. Ana ing kecamatan mau, sing kena chikungunya yaiku desa Pringapus, Ngerdani, Sumberbeing, lan desa Dongko. Kanggo Kecamatan Suruh sebaran chikungunya dumadi ing desa Nglebo lan Wanakarta.
a.       Kecamatan sing akeh kena chikungunya yaiku ....
b.      Underan parata ing dhuwur yaiku ....
c.       Pawarta iku migunakake unggah-ungguh basa ....
2.      Dadekna basa ngoko alus!
Ibu lenggah wonten ngajeng
3.      Owahana dadi basa krama alus!
Aku ngeterke Budhe menyang kuburane Ibu.
4.      Simak kutipan sesorah!
Raka kelas 9 ingkang kula tresnani, ingkang sekedhap malih badhe nilaraken bangku pawiyatan (jeneng sekolah) punika awrat sejatosipun kula pinangka wakilipun kelas 7 kaliyan kelas 8 anggen kula hangaturaken panampi atur perpisahan saking raka kelas 9
a.       Tanggap wacana ing dhuwur nalika ....
b.      Tanggap wacaa ing dhuwur nganggo unggah-ungguh basa ....
c.       Kang tanggap wacana yaiku ....
d.      Tanggap wacana sinebut uga ....
5.      Jelasna kerata basa iki!
a.       Kodhok
b.      Piring
c.       Gurur
6.      Jelasna pangertosan tembung yogyaswara lan sebutna contone loro wae!
7.      Jelasn pangertosanipun tembung garba lan sebutna contone loro wae!
8.      Apa sing diarani saloka!
9.      Jelasna tegese saloka kebo nusu gudel!
10.  Apa sing diarani paribasan!
11.  Simaken tembang sinom iki!
Sayektone wong ing donya
Suka syukur mring Hyang Widhi
Kang wus nggelar jagad raya
Samubarang wus cumawis
Kanggo srananing urip
Sarta kabeh titahipun
Aja nganti sangsara
Mangajab sarta mangesthi
Kanthi srana kapitayan sowang-sowang
a.       Jelasna paugeran tembang sinom ing dhuwur!
b.      Jelasna tegese tembung sowang-sowang!
c.       Jelasna watake tembang sinom!
12.  Tulisen aksara jawa: pancine disimpen mas panji ing lemari.
13.  Ukara iki gantinen ing aksara latin!
?ba[k"= F   [konFu/ski=[b=[kl\.
14.  Sebutna perangane layang ganep!
15.  Gawea layang undangan kang isine OSIS arep ngenekake acara perpisahan kelas 9!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar